Selasa, 07 Desember 2010

TANGGAP WARSA 1 SURA 1944 BE - KUNTARA


Sugeng Tanggap Warsa
1 Sura 1944 Bé windu Kuntara
8 Desember 2010







Warsa 1943 Dal, nedya tinilar, saklajengipun para brayat Jawi badhé mapag praptanipun ponang warsa énggal 1944, manut pétanganipun 1 Sura 1944 punika kalebet ing pétangan taun Bé - windu kuntara dhawah ing dinten Rebo Kliwon (bab kados pundi pamétangipun) saged kapirsanan salebeting seratan kula ingkang saged kaundhuh ing links NEPTU TAUN , ndhèrèk mangayubagya tanggap warsa, mugi salebeting warsa ingkang nedya lumampah sakmangké kula lan panjenengan sedaya tansaha ginanjar karahayon, tinebihna saking rubéda punapadéné goda rencana.
Gilir gumanti punika sampun jamak limrahipun salebeting pagesangan tumitah, tumraping brayat Jawi ginantosing warsa minangka salah satunggaling sarana ngèngeti sedaya tumindak ingkang sampun kalampah, pramila boten nama mokal menawi salebeting pèngetan tanggap warsa 1 Sura saben taunipun tebih saking ramé – ramé, jer tumraping raos Jawi, tambah taun punika ateges suda samukawisipun lan nyaketi kodrating Gusti wangsul marang sangkan paraning dumadi.
Nanging iba prihatos raosing manah, nyumurupi kawontenan jaman sakmangké, kathah para brayat Jawi ingkang sampun boten ngudani utawi mangertos lampahing tahun Jawi, sasi, punapadéné saptawara tuwin pancawaranipun kalebet neptunipun.
Taun Jawi ingkang rikala semanten kayasa Sampéyan Dalem Ingkang Sinuhun Kanjeng Sultan Agung ing Mataram, awujud jumbuhipun taun Saka lan Hijriyah. Langkung jangkepipun wedharan bab taun Jawi punika saged panjenengan pirsani wonten ing satunggaling seratan.
Kula aturi klik wonten ngriki menawi ngersakaken badhé maos. Sepisan malih mangga tilaranipun para winasis, para pujangga, tuwin para pepundhèn ingkang adiluhung punika sageda kareksa lan katularaken dhumateng para putra wayah amrih sageda sami MAMAYU HAYUNING BAWANA, HANGRASA WANI MULAT ING SARIRA. Ing wasana mugia rahayu ingkang tansah pinanggih. Nuwun.

N.B. Tumraping para kadang brayat Jawi ingkang ngersakaken download Kalender Jawa ingkang kados kapacak ing nginggil punika mangga ;
klik mawon ing ngriki.  



Tidak ada komentar:

Posting Komentar